2 Padha dheleg-dhelega, he kang padha manggon ing pasisir,he sudagar Sidon,kongkonamu padha nyabrang ing sagara,lan lelayar ing samodra gedhe;
3 barang-barang kang dilebokake marang Sidon yaiku gandum saka ing Sihor,lan pametune wilayah Nil,satemah kutha iku dadi pasar kanggo para bangsa.
4 Nandhanga wirang, he Sidon, sabab sagara,betenge sagara, celathu mangkene:“Aku ora tau uwat lan ora tau manak,aku ora tau nggulawenthah jejakalan ora tau ngopeni prawan-prawan.”
5 Samangsa kabar bab Tirus iku tekan ing Mesir,wong-wong bakal padha gumeter krungu bab iku.
6 Padha ngungsia menyang ing Tarsis,padha sesambata, he kang padha manggon ing tanah pasisir!
7 Iki apa kuthamu kang sumyak-sumyak,kang asale saka ing jaman kuna?Wonge wus padha lunga menyang ing panggonan kang adohlan dadi wong neneka ana ing kana.
8 Sapa kang mutus mangkene ikitumrap Tirus, kutha kang tau ngganjar makutha,kang sudagar-sudagare para panggedhelan wong-wonge kang dagang para wong mulya ing bumi?