11 Wong padha njerit ana ing dedalan awit ora ana anggur,sakehing kasenengan wus sirna,gambiraning bumi wus ilang.
12 Kang tinemu ana ing kutha mung karusakan,gapurane wus kagempur lan jugrug.
13 Amarga iki bakal kelakon ana ing bumi,ana ing satengahe para bangsa,yaiku kaya ing nalika wong ngerog woh jaitun,kaya ing nalika ngasag ing sarampunging panen anggur.
14 Wong-wong padha surak-surak sora,marga saka kaluhurane Sang Yehuwah,padha nguwuh-uwuh seru saka ing sisih kulon:
15 “Mulane Pangeran Yehuwah kamulyakna ana ing nagara-nagara wetanan,asmane Sang Yehuwah, Gusti Allahe Israel,ana ing tanah-tanah ing sapinggiring sagara!”
16 Saka ing poncoting bumi aku padha krungu kekidungan:“Kamulyan kagem Kang Mahaadil!”Nanging aku celathu: “Aku kuru nglayung,kuru nglayung aku. Bilai aku!Sabab para panggarong padha nggarong,malah tanpa leren anggone nggarong!”
17 He para kang manggon ing bumi,kowe bakal padha ketaman ing pagiris,bakal padha kecemplung ing luweng lan kena ing kala jiret.