3 Bumi bakal kadadekake ludhes babar pisan,lan bakal dijarah-rayah entek-entekan,awit Sang Yehuwah kang ngandika mangkono.
4 Bumi katon susah alum,malah jagad banjur nglayung layu,langit lan bumi nglayung bebarengan.
5 Bumi dadi najis marga saka kang ngenggoni,amarga padha nglanggar angger-angger,ngowahi katetepan lan nyelaki prajanjian kang langgeng.
6 Mulane bumi bakal kamangsa ing ipat-ipat,lan kang ngenggoni bakal oleh paukuman;awit saka iku kang ngenggoni bumi bakal geseng sirna,lan manungsa bakal mung kari sathithik.
7 Anggur ora gawe bingar maneh,wite anggur nglayung,lan sakehe wong kang bungah atine bakal sesambat.
8 Swaraning trebang kang gambira wus leren,ramene wong kang sumyak-sumyak wus sirep,lan swaraning clempung kang girang wus leren.
9 Wong kang ngombe anggur ora kalawan kekidungan maneh,arak dadi pait tumrap wong kang ngombe.