8 Swaraning trebang kang gambira wus leren,ramene wong kang sumyak-sumyak wus sirep,lan swaraning clempung kang girang wus leren.
9 Wong kang ngombe anggur ora kalawan kekidungan maneh,arak dadi pait tumrap wong kang ngombe.
10 Kutha kang kisruh kaanane wus lebur,saben omah wus tutupan ora kena dileboni.
11 Wong padha njerit ana ing dedalan awit ora ana anggur,sakehing kasenengan wus sirna,gambiraning bumi wus ilang.
12 Kang tinemu ana ing kutha mung karusakan,gapurane wus kagempur lan jugrug.
13 Amarga iki bakal kelakon ana ing bumi,ana ing satengahe para bangsa,yaiku kaya ing nalika wong ngerog woh jaitun,kaya ing nalika ngasag ing sarampunging panen anggur.
14 Wong-wong padha surak-surak sora,marga saka kaluhurane Sang Yehuwah,padha nguwuh-uwuh seru saka ing sisih kulon: