18 Kawula sami ngandheg,lajeng ngolang-aling sakit,nanging kados-kados kawula sami nglairaken angin,kawula sami boten saged ngawontenaken kawilujengan wonten ing bumi,saha ingkang manggen ing jagad boten lair.
19 Dhuh Yehuwah, para tiyang Paduka ingkang pejah sami badhe gesang malih,mayitipun sami badhe tangi malih.He wong-wong kang wus padha kakubur ing lemah,tangia lan surak-suraka!Sabab ebuning Yehuwah iku ebuning pepadhang,lan bumi bakal nglairake arwah-arwah iku maneh.
20 He bangsaku, lumebua ing kamarmu,sawuse lumebu lawange kancingenndhelika sadhela tumeka sapungkure bebendu.
21 Awit sanyata, Pangeran Yehuwah bakal miyos saka ing padalemanearep ndhawahake paukuman marang para kang manggon ing bumi marga saka kaluputane,sarta bumi ora bakal ndhelikake maneh getih kang kawutahake ing kono,ora nutupi maneh wong-wong kang padha mati pinatenan ana ing kono.