3 Ingkang manahipun santosaPaduka paringi tentrem rahayu,amargi pitados dhumateng Paduka.
4 Padha kumandela marang Sang Yehuwah ing salawase,awit Sang Yehuwah Allah iku gunung parang kang langgeng.
5 Amarga Panjenengane kang wus ngesorakekang padha manggon ing papan kang dhuwur;kutha-beteng wus kaendhekake,diendhekake nganti tekan ing lemahbanjur kaglimpangake ing lebu.
6 Wasana bakal kaidak-idaking sikile para wong sangsaralan tlapakaning sikile para wong kang ringkih.”
7 Marginipun tiyang leres punika lurus,amargi Paduka ingkang miwitinglencengaken marginipun.
8 Dhuh Yehuwah, kawula ugi sami ngantos-antostitimangsa anggen Paduka nindakaken pangadilan;kareman kawula sadaya punikanyebut asma Paduka saha ngenget-enget Paduka.
9 Kalayan gumolonging nyawa anggen kawula kangen dhumateng Paduka ing wanci dalu,ugi kalayan gumolonging manah anggen kawula ngupadosi Paduka ing wanci enjing;awit manawi Paduka rawuh ngadili bumi,ingkang manggen ing jagad sami badhe sinau kaleresan.