2 Ing wektu iku bakal dikandhakake:“Ngrerepia bab kebon anggur kang endah!
3 Ingsun, Yehuwah kang ngreksa;Ingsun kang tansah nyirami.Supaya aja ana wong kang ngrusuhi,rina wengi Sunjaga;
4 Ingsun wus ora duka.Manawa Ingsun nguningani piskucing lan suket,iku bakal Sunperangilan bakal Sunobong bareng,
5 kajaba manawa banjur padha ngupaya pangayoman marang Ingsuntuwin ngudi rukun kalawan Ingsun,iya ngudi rukun kalawan Ingsun!”
6 Ing dina-dina kang bakal kelakon,Yakub bakal metu oyode,Israel bakal ngrembaka lan metu trubusanesarta bakal ngebaki bumi kabeh kalawan pametune.
7 Apa Sang Yehuwah anggone nyirnakake umatekaya anggone nyirnakake wong kang nyirnakake umat mau?Utawa apa anggone mateni umatekaya anggone mateni wong kang mateni umate mau?
8 Paduka sampun nglawan tiyang-tiyang wau, sami Paduka kesahaken saha Paduka tundhung.Wus padha kasingkirake kalawan angine kang santer ing wektu angin wetan.