14 Mulane rungokna pangandikane Sang Yehuwah,he para wong kang padha seneng nenacad,he para wong kang mrentah rakyatkang ana ing Yerusalem iki!
15 Ing sarehne kowe wus padha ngucap:“Aku wus padha nganakake prajanjian karo pati,lan karo jagading patiaku wus padha nganakake pasarujukan;sanadyan cemethi acethar-cether seru,ora bakal ngenani aku kabeh;amarga si goroh wus padha dakdadekake pangayomanku,sarta aku padha asingidan ana ing doracara,”
16 mulane mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah:“Lah Ingsun mrenahake ana ing Sionsawijining watu, watu kang wus ketitik becik minangka tetales,watu pepojok kang larang, tetales kang santosa:sing sapa pracaya, ora bakal goreh!
17 Lan kaadilan bakal Sundadosake tali ukuran,sarta kabeneran Sundadekake tali panyipat;udan watu bakal nyirnakake pangayoman goroh,tuwin banyu gedhe bakal nglarudake pandhelikan.”
18 Prajanjianmu kalawan pati bakal kasuwak,lan pasarujukanmu kalawan jagading wong mati ora bakal terus tumindak;manawa cemethi acethar-cether seru,kowe bakal padha remuk kaidak-idak.
19 Kaping pira bae anggonira teka,kowe bakal padha kaseret,sabab iku bakal teka saben esuk,ing wektu awan lan ing wektu bengi;sarta mangreti marang pangandika kang dirungu ikuateges mung pagiris thok.
20 Sabab paturon bakal kurang dawa manawa kanggo turu slonjorlan kemule bakal kurang amba kanggo ngemuli awak.