20 Sabab paturon bakal kurang dawa manawa kanggo turu slonjorlan kemule bakal kurang amba kanggo ngemuli awak.
21 Sabab Pangeran Yehuwah bakal jumeneng kaya ana ing gunung Perasim,tuwin bakal bendu kaya ana ing lebak ing sacedhake Gibeon,sarta bakal nindakake pakaryane -- aneh pakaryane iku;lan bakal nindakake pakaryane -- aneh pakaryane iku!
22 Mulane kowe aja padha nenacad,supaya talining bebandanmu aja saya kenceng,awit aku krungu bab karusakan kang wus tinamtokakekang pinangkane saka Pangeran Gusti Allah ing sarwa tumitah kang bakal tumempuh marang saindenging nagara iku.
23 Tilingna lan rungokna swaraku;gatekna lan rungokna tembungku!
24 Apa saben dina wong iku anggone mluku,maculi lan nggaru tanahe kang bakal disebari wiji?
25 Apa ora sawise tanahe karata,anggone ngratakake jinten ireng lan nyebar jinten putih,nguluri gandum juwawut lan sairsarta wiji kusemet ana ing pinggire?
26 Bab adat pakulinan wus kaparingan piwulang,lan pituduh dening Allahe.