22 Mulane kowe aja padha nenacad,supaya talining bebandanmu aja saya kenceng,awit aku krungu bab karusakan kang wus tinamtokakekang pinangkane saka Pangeran Gusti Allah ing sarwa tumitah kang bakal tumempuh marang saindenging nagara iku.
23 Tilingna lan rungokna swaraku;gatekna lan rungokna tembungku!
24 Apa saben dina wong iku anggone mluku,maculi lan nggaru tanahe kang bakal disebari wiji?
25 Apa ora sawise tanahe karata,anggone ngratakake jinten ireng lan nyebar jinten putih,nguluri gandum juwawut lan sairsarta wiji kusemet ana ing pinggire?
26 Bab adat pakulinan wus kaparingan piwulang,lan pituduh dening Allahe.
27 Amarga jinten ireng ora karontogake nganggo piranti pangrontogan,lan rodhaning grobag ora kanggo nggiles jinten putih,nanging jinten ireng karontogan kanthi patrap digedhig kalawan watang,lan jinten putih kalawan gebug.
28 Apa wong anggone ngrontogi iku gandume digebugi nganti ajur?Mesthi ora, ora terus bae digebugi nganti ajur!Lan sanadyan wong nglakokake ing dhuwure gandum maujantrane grobag kalawan jarane,nanging anggone nggiles ora bakal nganti ajur.