6 bakal jumeneng dadi rohing kaadilantumrap wong kang lungguh nindakake pangadilan,lan dadi rohing kaprawirantumrap wong kang ngundurake perang nganti tekan ing gapura.
7 Nanging sanadyan wong-wong ing keneiya padha mumet marga saka anggurlan ngelu marga saka arakImam utawa Nabimumet marga saka arak,bingung marga saka anggur;padha mumet marga saka arak,mumet nalika weruh wahyu,sempoyongan nalika aweh putusan.
8 Lah mejane kabeh kebak utah-utahan lan rereged,temahan ora ana kang resik maneh.
9 Wong banjur celathu:“Sapa sing arep diwulang bab kawruhelan sapa sing bakal diwenehi katrangan bab wahyu-wahyune?Kaya-kaya bocah sapihan anyarkang lagi kabethot saka susu!
10 Sabab kudu iki kudu iku,kudu mangkene kudu mangkono,wuwuh iki, wuwuh iku!”
11 Lah lumantar para wong kang kedaling celathune anehlan lumantar para wong kang migunakake basa mancaPanjenengane bakal paring pangandika marang bangsa mau,
12 Panjenengane kang wus ngandikani mangkene:“Yaiki papan palerenan,sira menehana papan kanggo ngasomarang wong kang kesayahen;iku papan kanggo ngaso!”Nanging padha ora gelem ngrungokake.