1 Bilai Ariel, Ariel,kutha papan pakemahane Dawud!Tuan gumanti taun riyayacikben terus-terusan dianakake.
2 Ingsun bakal damel rupeking Ariel,satemah wong padha sesambat lan ngadhuh-adhuh,lan kutha iku bakal kaya prapen tumrap Ingsun.
3 Ingsun bakal kekemah ana ing sakehing keblat ngepung sira,lan damel panggung-panggung pajagan kanggo mepetake sira,apadene bakal ngedegake pager-pager kanggo ngepung sira.
4 Ing kono sira bakal ngesorake awakira lan sira banjur nywara saka sajroning bumi,tembung-tembungira keprungu lamat-lamat saka ing sajroning lebu;swaranira unine bakal kaya swaraning arwah saka ing sajroning lemah,tuwin tembung-tembungira bakal keprungu kayadene bisik-bisik saka ing sajroning lebu.