6 sira bakal ndeleng rawuhe Sang Yehuwah Gustine sakehing tumitahkang sinartan ing gludhug, lindhu lan swara kang ngedab-edabi,sinartan ing lesus lan praharalan sinartan ing geni kang memangsa nganti gusis.
7 Sakehing wadya-balane para bangsakang perang nglawan Ariel,lan sakehe wong kang merangi kutha iku dalah baluwartinetuwin para wong kang ngrupekibakal kaya impen lan kaya wahyu ing wanci bengi;
8 kayadene wong luwe kang ngimpi lagi mangan,bareng tangi wetenge isih kothong,utawa kayadene wong ngelak kang ngimpi lagi ngombe,bareng tangi nyatane isih sayah, gorokane isih ngelak,kaya mangkono bakal kadadeane sakehe wadya-balane para bangsakang perang nglawan gunung Sion.
9 padha gumun kalawan kebak kaeraman,mripatmu cikben merem lan wuta!Padha mendema, nanging ora marga saka anggur,padha mumeta, nanging ora marga saka arak!
10 Awit Pangeran Yehuwah wus ndadekake kowe padha turu kepati;mripatmu -- yaiku para nabi -- wus kaeremakelan raimu -- yaiku para wong sidik -- wus dikrudhuki.
11 Tumrap kowe kabeh wangsit iku mau kabeh kayadene isining buku kang disegel, manawa iku kawenehake marang wong kang bisa maca kalawan dikandhani: “Iku wacanen,” wong mau bakal mangsuli: “Aku ora bisa maca, awit buku iku kasegel,”
12 lan manawa buku iku kawenehake marang wong kang ora bisa maca kalawan dikandhani: “Iki wacanen,” wong iku bakal mangsuli: “Aku ora bisa maca.”