18 Ing nalika iku Pangeran bakal nyingkirake sakehing rerenggane: gelang sikil, jamang lan rembulanan,
19 rerenggan kuping, gelang tangan tuwin kudhung,
20 rerenggan sirah, gelang rante sikil, pending, wadhah wewangen lan jimat-jimat;
21 ali-ali cap lan anting-anting irung;
22 sandhangan pesta, jubah, slendhang lan tas;
23 pengilon, kotang lena, sreban lan klambi njaba.
24 Ing kono geganda arum bakal disalini kang bacin,pending bakal disalini tali,rambut klabangan disalini gundhul,sandhangan pesta disalini bagorrupa ayu disalini cacad.