2 Wong prawira lan prajurit,hakim lan nabi,juru tenung lan pinituwa,
3 paneket lan panggedhe,penasehat lan ahli sikir,sarta juru japa-mantra.
4 Ingsun bakal ngangkat para nom-noman Sundadekake pemimpine,lan bocah-bocah kang bakal padha ngereh.
5 Bangsa iku banjur bakal dhesek-dhesekanwong padha lawan-linawan,kang siji nglawan marang sijine;wong enom bakal mampang-mampang marang wong tuwa,wong asor marang wong kang kajen keringan.
6 Nganti manawa ana wong kang nggujengi sadulure ana ing omahe bapakne kalawan celathu:“Panjenengan taksih kagungan jubah, mila karsaa dados pemimpin kula sadayasaha jugrugan punika lajeng kakuwaosana,”
7 ing nalika iku sadulure nuli bakal mangsuli:“Aku emoh dadi dhokter;ing omahku ora ana roti lan ora ana jubah;aja ngangkat aku dadi pemimpin bangsa.”
8 Yerusalem sanyata wus ambruklan Yehuda wus rubuh,amarga tembung-tembunge lan panggawene nglawan marang Sang Yehuwahsarta padha nantng marang tingale kang mulya.