16 sira padhangucap: “Ora,aku arep padha nunggang jaran kang dakplayokake rikat,”mulane sira bakal padha lumayu lan sirna.Sira uga padha celathu: “Aku arep padha nunggang jaran kang cukat,”mulane kang ngoyak sira bakal ngluwihi cukate.
17 ana wong sewu kang bakal lumayu marga sumurup ancamaning wong siji,sira kabeh bakal lumayu marga saka ancamaning wong lima,nganti sira kang padha tininggalkaya pal tetengger ing pucaking gununglan kaya gendera ing dhuwur tetengger.
18 Awit saka iku Pangeran Yehuwah ngantos-antosmarang wektune anggone bakal ngatingalake katresnane marang kowe kabeh;mulane banjur jumenengarep nandukake kawelasan marang kowe kabeh.Amarga Pangeran Yehuwah iku Gusti Allah kang adil;rahayu sakehe wong kang nganti-anti marang Panjenengane!
19 He bangsa ing Sion kang manggon ing Yerusalem, lah kowe ora bakal terus nangis. Pangeran mesthi bakal paring kawelasan marang kowe, samangsa kowe sesambat; ing wektu mireng panjeritmu, Panjenengane bakal paring wangsulan.
20 Lan sanadyan Pangeran maringi roti tuwin banyu sarwa sathithik, nanging Pamulangmu ora bakal singidan maneh, nanging mripatmu bakal tansah ndeleng Panjenengane,
21 sarta kupingmu bakal krungu saka ing burimu pitembungan mangkene: “Iki dalane, lumakua ing kene,” embuh kowe lumaku manengen apa mangiwa.
22 Kowe bakal nganggep najis marang reca-recamu kang sinelut ing salaka utawa kang kalapis emas; iku bakal kokbuwang kayadene lawon kang najis kanthi kokcelathoni: “Sumingkira!”