18 Awit saka iku Pangeran Yehuwah ngantos-antosmarang wektune anggone bakal ngatingalake katresnane marang kowe kabeh;mulane banjur jumenengarep nandukake kawelasan marang kowe kabeh.Amarga Pangeran Yehuwah iku Gusti Allah kang adil;rahayu sakehe wong kang nganti-anti marang Panjenengane!
19 He bangsa ing Sion kang manggon ing Yerusalem, lah kowe ora bakal terus nangis. Pangeran mesthi bakal paring kawelasan marang kowe, samangsa kowe sesambat; ing wektu mireng panjeritmu, Panjenengane bakal paring wangsulan.
20 Lan sanadyan Pangeran maringi roti tuwin banyu sarwa sathithik, nanging Pamulangmu ora bakal singidan maneh, nanging mripatmu bakal tansah ndeleng Panjenengane,
21 sarta kupingmu bakal krungu saka ing burimu pitembungan mangkene: “Iki dalane, lumakua ing kene,” embuh kowe lumaku manengen apa mangiwa.
22 Kowe bakal nganggep najis marang reca-recamu kang sinelut ing salaka utawa kang kalapis emas; iku bakal kokbuwang kayadene lawon kang najis kanthi kokcelathoni: “Sumingkira!”
23 Pangeran Yehuwah bakal banjur paring udan marang wiji kang lagi bae koksebar ing pategalanmu, lan kowe bakal mangan roti kang enak lan akeh banget saka ing pametune tanah iki. Ing wektu iku raja-kayamu bakal nyenggut ing ara-ara kang jembar;
24 sapi-sapi lan kuldi-kuldi kang kanggo nggarap tanah bakal mangan pakan campuran kang enak, kang wus ditapeni lan diayak.