2 kang mangkat menyang ing tanah Mesir,ora kalawan nyuwun putusaningSun,sumedya ngayom marang Pringonlan ngungsi marang ing pangaubaning Mesir.
3 Nanging pangayomane Pringonbakal gawe wirangira kabeh,lan ngungsi ing pangaubaning Mesirbakal ndadekake isinira kabeh.
4 Amarga sanadyan para panggedhe Yerusalem wus padha ana ing Zoan,lan para utusane wus padha tekan ing Hanes,
5 iku kabeh bakal kawiranganamarga bangsa iku ora bisa nguntungake,lan ora bisa aweh pitulungan sarta ora maedahi;nanging mung gawe wirang, malah banjur dadi lan kanisthane.
6 Wangsit bab kewan-kewan ing Tanah Negeb.Ngliwati nagara kang kebak karupekan lan sangsara,papaning singa wadon lan singa lanang kang padha nggeropapaning ula bedhudhak lan ula naga kang padha mabur,wong-wong mau anggone padha nggawani raja-branane kamomotake ing gegere kuldi,lan barang darbeke ign punuking unta,arep diwenehake marang bangsa kang ora bisa aweh kauntungan,
7 yaiku Mesir kang aweh pitulungan kang ora migunani lan tanpa paedah;mulane iku Sunjenengake:“Rahab kang dianggurake.”
8 Mulane saiki, sira mangkata, bab iku tulisen ing papan ana ing ngarepe mripate,lan sira cathetana ing kitab,supaya dadi paseksenkanggo ing mbesuk, nganti ing salawas-lawase.