6 Wangsit bab kewan-kewan ing Tanah Negeb.Ngliwati nagara kang kebak karupekan lan sangsara,papaning singa wadon lan singa lanang kang padha nggeropapaning ula bedhudhak lan ula naga kang padha mabur,wong-wong mau anggone padha nggawani raja-branane kamomotake ing gegere kuldi,lan barang darbeke ign punuking unta,arep diwenehake marang bangsa kang ora bisa aweh kauntungan,
7 yaiku Mesir kang aweh pitulungan kang ora migunani lan tanpa paedah;mulane iku Sunjenengake:“Rahab kang dianggurake.”
8 Mulane saiki, sira mangkata, bab iku tulisen ing papan ana ing ngarepe mripate,lan sira cathetana ing kitab,supaya dadi paseksenkanggo ing mbesuk, nganti ing salawas-lawase.
9 Awit iku sawijining bangsa kang mbalela,anak kang padha seneng gorohanak kang padha sungkan ngrungokakemarang piwulange Pangeran Yehuwah,
10 kang padha celathu marang para wong sidik: “Aja mawas,”lan marang para nabi: “Aja medharake wangsit kang nyata,nanging kandhakna marang aku kabeh bab-bab kang nyenengake,wedharna wangsit othak-athikan,
11 padha sumingkira saka ing dalan metua ing dalan liyane,aku aja padha kokridhu kalawanKang Mahasuci, Gusti Allahe Israel.”
12 Mulane mangkene pangandikane Kang Mahasuci, Gusti Allahe Israel:“Sarehne sira padha nampik pangandika iki,lan masrahake awakira marang para wong kang meres lan laku ngiwasarta sumendhe marang wong-wong iku,