9 Awit iku sawijining bangsa kang mbalela,anak kang padha seneng gorohanak kang padha sungkan ngrungokakemarang piwulange Pangeran Yehuwah,
10 kang padha celathu marang para wong sidik: “Aja mawas,”lan marang para nabi: “Aja medharake wangsit kang nyata,nanging kandhakna marang aku kabeh bab-bab kang nyenengake,wedharna wangsit othak-athikan,
11 padha sumingkira saka ing dalan metua ing dalan liyane,aku aja padha kokridhu kalawanKang Mahasuci, Gusti Allahe Israel.”
12 Mulane mangkene pangandikane Kang Mahasuci, Gusti Allahe Israel:“Sarehne sira padha nampik pangandika iki,lan masrahake awakira marang para wong kang meres lan laku ngiwasarta sumendhe marang wong-wong iku,
13 mulane dosa iki tumrap sira kabehbakal kaya gempalan tembok kang arep tiba,kang mongol metu ing tembok kang dhuwur,kang bakal ambruk kalawan dadakan ing sakedhep netra,
14 bakal remuk kaya klenthinge kundhi,kang kabanting tanpa dieman,nganti ing antarane remukane ora ana wingka siji baekang kena dianggo golek geni ingbedhiyang utawa kanggo nyidhuk banyu ing bak.”
15 Awit mangkene pangandikane Pangeran Allah,Kang Mahasuci, Gusti Allahe Israel:“Sarana mratobat lan sumarahsira bakal padha kaparingan slamet;kakuwatanira iku dumunung ana ing ayem lan kumandel.”Nanging sira padha ora gelem,