5 Kayadene manuk kang mabur kekablak, ngayomi susuhe,iya mangkono anggone Pangeran Yehuwah Gustining sarwa tumitah bakal ngayomi Yerusalem,ngayomi lan paring pangluwaran,rumeksa lan ngedohi bilai.”
6 He wong Israel, padha mratobata marang Panjenengane, kang wus koktinggal nganti adoh!
7 Lah ing dina iku sawiji-wijining panunggalanmu bakal mbuwangi brahala-brahalane salaka lan brahala-brahalaning emas kang digawe dening tanganmu dhewe kalawan kebak dosa.
8 Asyur bakal ambruk dening pedhang, nanging dudu pedhanging wong,lan bakal kamangsa dening pedhang nganti gusis,nanging dudu pedhanging manungsa,sarta bakal keplayu nyingkiri pedhang,tuwin wonge nom-noman bakal padha dadi kuli wajib.
9 Kang ngayomi bakal sirna marga saka giris,sarta panggedhening perang bakal kagetbanjur lumayu ninggal genderane,mangkono pangandikane Pangeran Yehuwahkang kagungan geni ana ing Sion lan pawon ana ing Yerusalem.