1 Lah bakal ana ratu kang ngasta paprentahan kalawan adil,apadene para pemimpin bakal mimpin kalawan jujur,
2 tuwin sawiji-wijine bakal kayadene papan pangauban samangsa ana anginsarta papan pangayoman samangsa ana prahara,kayadene ilen-ilen banyu ing papan kang garing,kayadene aube watu kang gedhe ing tanah kang ngenthak-enthak.
3 Mripate wong kang padha ndeleng bakal ora diremake maneh,lan kupinge wong kang padha krungu bakal nggatekake.
4 Atine wong kang kurang pikiran bakal bisa nenimbang,sarta ilate wong kang groyok bakal bisa celathu cetha.
5 Wong gemblung ora bakal kaaranan maneh wong kang abudi luhur,lan wong culika ora bakal diarani wong luhur.