18 Ing sajroning atinira sira bakal mikir marang pagiris kang uwis-uwis:“Apa wus ora ana juru petung, apa wus ora ana juru timbang,lan apa wus ora ana wong kang ngetung menara?”
19 Sira ora bakal ndeleng maneh bangsa kang ora tata iku,bangsa kang pacelathone ora cetha,dadi ora mangretekake,kang wicarane groyok, dadi ora ana wong kang bisa ngreti.
20 Padha mawasa Sion, kuthaning pahargyan kita!Mripatira bakal ndeleng Yerusalem,papan panggonan kang tentrem, tarub kang ora kaelih-elih,kang pathoke ora bakal kabedhol ing salawase,lan kang dhadhunge ora bakal pedhot.
21 Ana ing kono kita bakal sumurup sapira gedhening kamulyane Pangeran Yehuwah Gusti kita:kayadene panggonan kang kebak kali lan ilen-ilen kang amba;iku ora bakal kaliwatan prau dihayungan,lan prau kapal gedhe ora bakal nyabrang ing kono.
22 Sabab Pangeran Yehuwah iku Hakim kita,Pangeran Yehuwah iku kang paring angger-angger marang kita;Pangeran Yehuwah iku kang jumeneng dadi Ratu kita,Panjenengane bakal ngluwari kita.
23 Dhadhung-dhadhungira wus padha kendho,ora kena kanggo naleni tiyanging layar nganti kenceng ana ing papane,ora kena kanggo menthang layar.Ing wektu iku wong bakal ngedum-edum jarahan kang akeh banget,tuwin wong lumpuh bakal padha ngrayah jarahan.
24 Ora ana wong siji-sijia kang bakal celathu ana ing kono: “Aku lara,”lan sakehe wong kang manggon ing kono bakal kaparingan pangapura tumrap kaluputane.