1 He para bangsa, padha nyedhaka lan ngrungokna,lan padha nggatekna, he para suku bangsa!Bumi dalah saisine kabeh prayoga padha krungu,uga jagad lan kabeh kang tuwuh saka ing kono.
2 Sabab Sang Yehuwah duka marang sakehing bangsa,lan benter ing panggalih marga saka wadya-balane;iku wus padha kadhewekake bakal katumpeslan kapasrahake supaya padha disembeleh.
3 Wong kang mati dipateni bakal kabuwang,lan bathange bakal padha mambu blarongan;gunung-gunung bakal padha kabanjiran getihe.
4 Sakehe wadya-bala ing langit bakal tumpes,tuwin langit bakal kagulung kaya layang gulungan,kabeh wadya-balane bakal gugurkaya godhong kang padha gogrog saka ing wit anggur,lan kaya gogroge godhong anjir.