1 Ing taun kang kaping patbelas ing jamane Sang Prabu Hizkia, Sang Prabu Sanherib, ratu ing nagara Asyur rawuh lan nempuh kutha-kuthane beteng nagara Yehuda, kang banjur padha kena karebat.
2 Ratu ing Asyur mau nuli ngutus priyagung juru pangunjukan saka ing Lakhis menyang ing Yerusalem sowan ing ngarsane Sang Prabu Hizkia kinanthenan wadya-bala gedhe. Priyagung iku nuli kendel ana ing sacedhake ilen-ilening blumbang ndhuwur ing dalan gedhe ing Ara-ara Tukang Penatu.
3 Ing kono Sang Elyakim, panggedhening kraton, Sang Sebna, sekretaris nagara lan Sang Yoah bin Asaf, hartaka nagara, padha medali manggihi priyagung juru pangunjukan mau.
4 Priyagung juru pangunjukan banjur ngandika: “Panjenengan sami kula aturi munjuk dhateng Sang Prabu Hizkia: Makaten pangandikanipun nata-agung, ratu ing Asyur: Pangandel apa ta kang sira gondheli iki?
5 Pangiranira mung pangucaping lambe bae wus bisa dadi rancangan lan kakuwataning perang! Saiki, sira mbalela marang ingsun iku, sapa kang sira tenga-tenga?