Yesaya 36:11-17 JAV

11 Sang Elyakim, Sang Sebna lan Sang Yoah nuli mangsuli marang priyagung juru pangunjukan iku mangkene: “Sumangga kawula aturi ngandika mawi basa Aram dhateng ingkang abdi punika, awit kawula sami mangretos; nanging sampun ngandika dhateng kawula sadaya mawi basa Yehuda, mindhak dipun pirengaken dening rakyat ingkang wonten ing sanginggiling tembok.”

12 Nanging priyagung juru pangunjukan ngandika: “Punapa gusti kula anggenipun ngutus kula nglantaraken pangandika punika namung dhateng gusti panjenengan lan dhateng panjenengan kemawon? Rak inggih dhateng para tiyang ingkang sami linggih ing nginggil tembok ugi, ingkang sami nedha sesukeripun tuwin ngombe toya turasipun piyambak sesarengan kaliyan panjenengan sadaya punika?”

13 Sawuse mangkono priyagung juru pangunjukan mau banjur jumeneng lan nguwuh-uwuh kalawan swara seru ngagem basa Yehuda, pangandikane: “Padha ngrungokna pangandikane: “Padha ngrungokna pangandikane ratu kang agung, ratu ing nagara Asyur!

14 Mangkene pangandikane Sang Prabu: Kowe aja nganti padha kena diapusi dening Hizkia, sabab iku ora bisa ngluwari kowe kabeh.

15 aja padha gelem diajak Hizkia ngendelake Pangeran Yehuwah kalawan tembunge: Pangeran Yehuwah mesthi bakal ngluwari kita: kutha iki ora bakal kaulungake marang ing tangane ratu ing Asyur.

16 Aja padha ngrungokake tembunge Hizkia, sabab mangkene pangandikane ratu ing Asyur: Padha nganakna prajanjian kalawan ingsun minangka tandhaning teluk lan padha metua sowana ing ngarsaningsun, nuli saben wong panunggalanira bakal mangan wohing wite anggur tuwin wohing wite anjir dhewe sarta ngombe banyuning sumure dhewe,

17 nganti sarawuhingsun mboyongi sira kabeh menyang ing nagara kang kaya nagaranira, nagara kang murah gandum lan anggur, nagara kang sugih roti lan pakebonan anggur.