17 nganti sarawuhingsun mboyongi sira kabeh menyang ing nagara kang kaya nagaranira, nagara kang murah gandum lan anggur, nagara kang sugih roti lan pakebonan anggur.
18 Sira aja padha nganti kena dibujuk dening Hizkia kalawan tembunge: Pangeran Yehuwah bakal ngluwari kita! Apa tau kelakon para allahe bangsa-bangsa padha ngluwari nagarane dhewe-dhewe saka ing astane ratu ing Asyur?
19 Endi allah-allahe nagara Hamat lan Arpad? Endi para allahe nagara Sefarwaim? Apa wus padha nguwalake Samaria saka ing astaningsun?
20 Panunggalane para allahe nagara-nagara iki sapa kang wus ngluwari negarane saka astaningsun, lah kok Sang Yehuwah sagah ngluwari Yerusalem saka ing astaningsun?”
21 Nanging kabeh padha meneng bae, ora mangsuli sanadyan mung sakecap bae, amarga dhawuhe Sang Prabu: “Sira aja padha aweh wangsulan marang dheweke!”
22 Sang Elyakim bin Hilkia, panggedhening kraton, lan Sang Sebna, sekretaris nagara sarta Sang Yoah bin Asaf, hartaka-nagara banjur padha mundur lan padha sowan ing ngarsane Sang Prabu Hizkia, kalawan ngagem pangageman kang suwek, nuli ngunjuki uninga marang Sang Prabu bab apa kang dipratelakake dening priyagung juru pangunjukan.