Yesaya 36:7-13 JAV

7 Lan manawa sira matur marang ingsun: Ingkang sami kawula andelaken punika Pangeran Yehuwah, Gusti Allah kawula, apa Panjenengane iku dudu kang tengger-tenggere pangurbanan lan misbyah-misbyahe wus disingkirake dening Hizkia kalawan pratela marang Yehuda lan Yerusalem: Sira kabeh kudu sujud lan nyembah ing ngarepe misbyah iki!

8 Milanipun sapunika sumangga sami kula aturi totohan kaliyan gusti kula, ratu ing Asyur: Kula badhe nyaosi panjenengan kapal kalih ewu, manawi panjenengan sagah maringi tiyang-tiyangipun ingkang numpaki.

9 Kadospundi anggen panjenengan saged ngawonaken tetindhihipun gusti kula satunggal kemawon ingkang asor piyambak? Mangka panjenengan ngendelaken Mesir ing bab kreta tuwin prajuritipun kapalan!

10 Lah sapunika, punapa anggen kula majeng nglawan nagari punika saha anggen kula badhe nyirnakaken nagari punika, punika boten margi saking karsaning Pangeran Yehuwah? Pangeran Yehuwah sampun ngandika dhateng kula: Mangkata, tempuhen nagara iku lan sirnakna!”

11 Sang Elyakim, Sang Sebna lan Sang Yoah nuli mangsuli marang priyagung juru pangunjukan iku mangkene: “Sumangga kawula aturi ngandika mawi basa Aram dhateng ingkang abdi punika, awit kawula sami mangretos; nanging sampun ngandika dhateng kawula sadaya mawi basa Yehuda, mindhak dipun pirengaken dening rakyat ingkang wonten ing sanginggiling tembok.”

12 Nanging priyagung juru pangunjukan ngandika: “Punapa gusti kula anggenipun ngutus kula nglantaraken pangandika punika namung dhateng gusti panjenengan lan dhateng panjenengan kemawon? Rak inggih dhateng para tiyang ingkang sami linggih ing nginggil tembok ugi, ingkang sami nedha sesukeripun tuwin ngombe toya turasipun piyambak sesarengan kaliyan panjenengan sadaya punika?”

13 Sawuse mangkono priyagung juru pangunjukan mau banjur jumeneng lan nguwuh-uwuh kalawan swara seru ngagem basa Yehuda, pangandikane: “Padha ngrungokna pangandikane: “Padha ngrungokna pangandikane ratu kang agung, ratu ing nagara Asyur!