Yesaya 37:2-8 JAV

2 Sang Elyakim, panggedhening kraton, Sang Sebna sekretaris nagara tuwin para tetuwaning imam uga banjur kautus sowan ing ngarsane Nabi Yesaya bin Amos, kalawan mangagem bagor.

3 Iku padha matur: “Makaten pangandikanipun Sang Prabu Hizkia: Dinten punika dinten karupekan, dinten paukuman saha kawirangan; sabab sampun dumugi ing lekipun badhe nglairaken jabang-bayi, nanging boten wonten kakiyatan kangge nglairaken.

4 Bokmanawi Pangeran Yehuwah, Gusti Allah panjenengan, sampun midhanget pangucapipun, sampun midhanget pangucapipun priyagung juru pangunjukan ingkang kautus dening ratu ing Asyur, gustinipun, supados ngawon-awon Gusti Allah ingkang gesang, satemah Sang Yehuwah, Gusti Allah panjenengan, lajeng badhe paring paukuman, margi saking tembung-tembungipun ingkang sampun dipun pirengaken punika. Milanipun panjenengan kula aturi ndedonga kangge tirahan ingkang taksih kantun punika!”

5 Nalika para priyagung abdine Sang Prabu Hizkia wus sowan ing ngarsane Nabi Yesaya,

6 banjur padha dipangandikani dening Nabi Yesaya mangkene: “Sami kula aturi munjuk dhumateng gusti panjenengan: Makaten pangandikanipun Sang Yehuwah: Sira aja wedi marang tetembungan kang sira rungu kang diucapake dening para bature raja Asyur kanggo ngala-ala marang Ingsun iku.

7 Lah Ingsun bakal ngutus roh supaya manjingi dheweke, kang njalari banjur mulih menyang ing nagarane amarga krungu sawijining kabar; Ingsun bakal damel supaya raja iku ambruk mati dening pedhang ana ing nagarane dhewe.”

8 Bareng priyagung juru pangunjukan mau bali, ratu ing Asyur tinemu lagi perang nglawan Libna; amarga wus mireng, yen Sang Prabu wus jengkar saka ing Lakhis.