Yesaya 37:4-10 JAV

4 Bokmanawi Pangeran Yehuwah, Gusti Allah panjenengan, sampun midhanget pangucapipun, sampun midhanget pangucapipun priyagung juru pangunjukan ingkang kautus dening ratu ing Asyur, gustinipun, supados ngawon-awon Gusti Allah ingkang gesang, satemah Sang Yehuwah, Gusti Allah panjenengan, lajeng badhe paring paukuman, margi saking tembung-tembungipun ingkang sampun dipun pirengaken punika. Milanipun panjenengan kula aturi ndedonga kangge tirahan ingkang taksih kantun punika!”

5 Nalika para priyagung abdine Sang Prabu Hizkia wus sowan ing ngarsane Nabi Yesaya,

6 banjur padha dipangandikani dening Nabi Yesaya mangkene: “Sami kula aturi munjuk dhumateng gusti panjenengan: Makaten pangandikanipun Sang Yehuwah: Sira aja wedi marang tetembungan kang sira rungu kang diucapake dening para bature raja Asyur kanggo ngala-ala marang Ingsun iku.

7 Lah Ingsun bakal ngutus roh supaya manjingi dheweke, kang njalari banjur mulih menyang ing nagarane amarga krungu sawijining kabar; Ingsun bakal damel supaya raja iku ambruk mati dening pedhang ana ing nagarane dhewe.”

8 Bareng priyagung juru pangunjukan mau bali, ratu ing Asyur tinemu lagi perang nglawan Libna; amarga wus mireng, yen Sang Prabu wus jengkar saka ing Lakhis.

9 Nalika samana Sang Prabu mireng kabar bab Sang Prabu Tirhaka, ratu nagara Etiopia, mangkene: “Panjenenganipun sampun pangkat badhe perang nglawan panjenengan dalem,” tumuli ngintunake utusan-utusan marang ing ngarsane Sang Prabu Hizkia, kanthi kaweling mangkene:

10 “Sira padha matura marang Sang Prabu Hizkia, ratu ing Yehuda mangkene: Panjenengan sampun ngantos kenging dipun apusi dening Allah panjenengan ingkang panjenengan ugemi saha ingkang paring janji: Yerusalem ora bakal kaulungake marang ing tangane ratu ing Asyur.