9 Anggitane Sang Prabu Hizkia, ratu ing Yehuda, sawuse gerah lan wus senggang anggone gerah:
10 Aku iki wus kandha: Umurku lagi separoaku kok kepeksa kudu lunga;ing saluwihe umurku ikuaku katimbalan menyang ing gapuraning jagade wong mati.
11 Aku pratela: aku ora bakal ndeleng Sang Yehuwah maneh ana ing nagarane wong urip;aku ora bakal ndeleng wong siji-sijia manehana ing satengahe para kang manggon ing donya.
12 Pondhok kang dakenggoni kabubrah lan kabukakkayadene tarubing pangon;kaya tukang tenun kang nggulung tenunaneanggonku mungkasi uripku;Pangeran Yehuwah ngethok nyawaku saka ing benanging urip.Wiwit siyang ngantos dalu Paduka ngendelaken kawula makaten kemawon.
13 Aku sesambat nyuwun tulung nganti esuk;kayadene singa, iya mangkono iku anggone Sang Yehuwah ngremuk sakehing balungku;wiwit siyang ngantos dalu Padukangendelaken kawula makaten kemawon.
14 Kayadene manuk sriti, iya mangkono iku anggonku cat-cit,swaraku kethekur-kethekur kaya swaraning manuk dara.Mripatku kaya-kaya nganti entek marga saka anggonku tumenga ing ngaluhur,dhuh Pangeran, kawula sinangsara;Paduka mugi karsaa dados tanggelan tumrap kawula!
15 Apa ta kang bakal dakaturake lan dakucapake ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah;rak Panjenengane ta kang tumindak mangkono?Aku babar pisan ora bisa turumarga saka paiting kasusahanku iku.