3 Lan wong kekarene ing Sion tuwin kang isih ana ing Yerusalem bakal kasebut suci yaiku saben wong ing Yerusalem kang katulisan bakal oleh urip,
4 samangsa Pangeran wus ngresiki reregede putri Sion lan ngicali blentong-blentonge Yerusalem saka ing satengeha kalawan roh kang ngadili lan kang ngobong.
5 Ing kono Sang Yehuwah banjur bakal nganakake mega ing wayah awan lan mega kalawan sunaring geni kang murub makantar-kantar ing wayah bengi ing sadhuwure wilayahe gunung Sion kabeh tuwin ing sadhuwure saben kumpulan kang dianakake ing kono, amarga ing sadhuwure iku kabeh bakal ana kamulyaning Yehuwah minangka pepayung
6 sarta minangka pamondhokan papaning pangauban ing wayah awan supaya ora kena ing sumeleting panas sarta dadi papan pangungsen lan pandhelikan ing mangsa prahara lan udan.