1 UmatingSun lipuren, iya lipuren, mangkono pangandikaning Allahira,
2 atine Yerusalem ayemnasarta nguwuh-uwuhayen pangawulane wus rampung,manawa kaluputane wus kaapura,awit wus kaparingan paukuman dening astane Pangeran Yehuwahtikel ping loro marga saka sakehing dosane.
3 Ana swara kang nguwuh-uwuh:“Nyawisna margi kagem Sang Yehuwah ana ing pasamunan,ngencengna dalan gedhe kagem Allah kitaana ing ara-ara samun!
4 Saben ledhokan kaurugana,tuwin saben gunung lan tengger kawaratakna;tanah kang ana tengger-tenggere kadadekna tanah warata,sarta tanah kang mendhak mandhukul kadadekna papan lempar;
5 ing kono kamulyaning Sang Yehuwah bakal kalairaketuwin umat manungsa kabeh bakalpadha ndeleng iku bebarengan;Pangeran Yehuwah piyambak nyata-nyata wus ngandika mangkono!”