27 Yagene kowe ngucap mangkono, he Yakub,sarta celathu mangkene, he Israel:“Uripku iki samar tumrap Sang Yehuwah,tuwin wewenangku ora digalih dening Allahku?”
28 Apa kowe ora sumurup,lan kowe apa ora krungu?Pangeran Yehuwah iku Gusti Allah kang langgengkang nitahake bumi wiwit poncot tekan poncot;Panjenengane ora sayah lan ora lesu,kawicaksanane ora kena jinajagan.
29 Panjenengane paring kakuwatan marang kang sayahlan paring tambahing karosan marang kang tanpa daya.
30 Para wong nom-noman padha dadi sayah lan lesulan para taruna padha kesandhung tiba,
31 nanging wong kang padha nganti-anti marang Pangeran Yehuwah kaparingan kakuwatan anyar:padha mabur mumbul kaya manuk garudhakalawan kakuwataning swiwine;padha lumayu lan ora nganti lesu,padha lumaku nanging ora sayah.