21 padha ngajokna prakaranira, mangkono Pangandikane Sang Yehuwah,mratelakna alasan-alasanira, mangkono pangandikane Sang Prabu, Gusti Allahe Rama Yakub.
22 Cikben padha maju lan martakake marang aku kabehapa kang bakal kelakon!Pameca kang biyen iku terangna apa tegese,supaya aku padha mikir-mikir,utawa bab-bab kang bakal kelakon, iku aku padha kandhanana,supaya aku padha nyumurupi kawusanane!
23 Mratelakna bab-bab kang bakal kelakon sawuse iku,supaya aku padha sumurup, manawa kowe kabeh iki nyata allah;padha tumindaka bae, becik apa ala,supaya aku padha ndeleng bebarengan kalawan gumun!
24 Kowe kabeh iku sanyatane kaya ora anaing panggawe-panggawemu iku tanpa isi;wong kang milih kowe iku nistha.
25 Ingsun wus ngobahake wong saka ing lor lan iku wus teka,Ingsun wus nimbali wong iku saka ing sisih pletheking srengenge kalawan nyebut jenenge.Kayadene kundhi ngiles-iles lempung,kaya mangkono anggone wong iku bakal ngidak-idak para kang nyekel pangwasa kaya endhut.
26 Sapa kang aweh sumurup bab iku wiwit ing sakawit, satemah aku banjur padha sumurup,lan wiwit biyen, satemah aku nuli padha mratelakake:“Apa bener wong iku?”Sanyatane ora ana knag aweh sumurup,ora ana wong kang ngabariora ana wong kang krungu tembung sakecap bae saka kowe.
27 Ingsun kang dhisik dhewe paring sumurup marang Sion,sarta Ingsun banjur ngintunake wong menyang Yerusalem kang nggawa kabar becik.