6 Padha tulung-tinulung lan celathu marang kancane:“Atimu sing tatag!”
7 Si pandhe nyantosakake si kemasan,kang nipisake logam kalawan palu nyantosakake atine kang nggembleng ing paron;lan banjur celathu marang si tukang patri: “Iku becik,”tuwin garapane nuli dikukuhake kalawan paku,supaya ora gonjang-ganjing.
8 Nanging sira, he Israel, abdiningSun,he Yakub, kang wus Sunpilih,turune Abraham, mitraningSun;
9 sira kang wus Sunpundhut saka ing poncot-poncoting bumisarta kang wus Suntimbali saka ing pojok-pojoke,Ingsun ngandika marang sira: “Sira iku abdiningSun,sira wus Sunpilih lan ora Suntampik”;
10 sira aja wedi, sabab Ingsun nganthi marang sira,sira aja melang-melang, awit Ingsun iki Allahira.Ingsun bakal nyantosakake, malah bakal mitulungi sira;Ingsun bakal nganthi sira kalawan astaningSun tengen kang njalari menang.
11 Lah sakehe wong kang nepsu marang sirabakal kawirangan lan nandhang kanisthan;para wong kang madoni sira bakal padha kayadene ora anatuwin bakal padha nemu karusakan;
12 sira bakal nggoleki wong-wong kang padha nglawan marang sira,nanging ora bakal ketemu;para wong kang merangi sira bakal kayadene ora analan tanpa guna.