9 sira kang wus Sunpundhut saka ing poncot-poncoting bumisarta kang wus Suntimbali saka ing pojok-pojoke,Ingsun ngandika marang sira: “Sira iku abdiningSun,sira wus Sunpilih lan ora Suntampik”;
10 sira aja wedi, sabab Ingsun nganthi marang sira,sira aja melang-melang, awit Ingsun iki Allahira.Ingsun bakal nyantosakake, malah bakal mitulungi sira;Ingsun bakal nganthi sira kalawan astaningSun tengen kang njalari menang.
11 Lah sakehe wong kang nepsu marang sirabakal kawirangan lan nandhang kanisthan;para wong kang madoni sira bakal padha kayadene ora anatuwin bakal padha nemu karusakan;
12 sira bakal nggoleki wong-wong kang padha nglawan marang sira,nanging ora bakal ketemu;para wong kang merangi sira bakal kayadene ora analan tanpa guna.
13 Sabab Ingsun iki, Pangeran Yehuwah, Allahira,nyepeng tanganira tengen,tuwin ngandika marang sira: “Sira aja wedi,iya Ingsun iki kang mitulungi sira.”
14 Sira aja wedi, he si cacing Yakub,he si uler Israel!Iya Ingsun iki kang mitulungi sira,mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah,lan nebus sira iku Kang Mahasuci, Gusti Allahe Israel.
15 Lah sira Sundadekake piranti pangrontogankang landhep lan anyar, kang ana untune rong larik;sira bakal ngrontogi gunung-gunung sarta iku bakal padha sira remuk,sarta tengger-tengger iya bakal sira dadekake kaya mrambut,