12 Cikben padha nyaosi kaurmatan marang Pangeran Yehuwah,tuwin padha martakna bab anggone ngluhurake Panjenengane ana ing pulo-pulo.
13 Pangeran Yehuwah majeng perang kayadene gegedhug,kayadene prajurit anggone nggigah semangate perang;Panjenengane surak-surak, malah nguwuh-uwuh,marang para mungsuhe,Panjenengane nedahake kaprawirane.
14 Ingsun kendel wiwit ing biyen mula,Ingsun kendel lan ngampet,saiki Ingsun njerit kaya wong wadon kang nglarani,Ingsun menggah-menggah lan menggeh-menggeh.
15 Ingsun bakal ndadosake gundhuling gunung-gunung lan tengger-tengger,sarta damel aluming sakehhe tetuwuhane;Ingsun bakal ndadosake kali-kali padha dadi lemah garingtuwin damel asat-nggerenging telaga-telaga.
16 Ingsun bakal nuntun para wong wutaana ing dalan kang durung tau padha diambah,tuwin iku padha Sunlakokakeing dalan-dalan kang durung disumurupi.Pepeteng kang ana ing ngarepe bakal Sundadekake padhang,sarta tanah kang mendhak-mendhukul bakal Sundadosake tanah warata.Yaiku bab-bab kang bakal Suntandukake marang wong-wong mau,lan kang mesthi bakal Suntindakake.
17 Wong kang padha kumandel marang reca tatahanbakal padha mundur lan kawirangan,yaiku para wong kang celathu marang reca cithakan:“Paduka punika allah kawula!”
18 Padha rungokna, he para wong budhegpadha mandenga lan ndelenga, he para wong wuta!