5 mangkene pangandikane Gusti Allah, Sang Yehuwah,kang nitahake lan njereng langit,kang mbeber bumi dalah kabeh kang thukul ing kono,kang paring ambegan marang umat manungsa kang manggon ing konosarta kang maringi nyawa marang kang padha urip ing kono:
6 “Ingsun iki, Yehuwah, wus nimbali sira supaya ngundhangake kaslametan,wus ngasta tanganira;Ingsun wus ndhapuk sira lan maringake siradadi prajanjian tumrap umat manungsa,dadi pepadhang tumrap para bangsa,
7 supaya ngelekke mripat kang wuta,ngwetokake wong ukuman saka ing tahanansarta para wong kang dumunung ing pepeteng saka ing pakunjaran.
8 Ingsun iki Yehuwah, yaiku asmaningSun;Ingsun ora bakal maringake kamulyaningSun marang wong liyaneutawa kasuwuringSun marang reca.
9 Pameca-pameca biyen saiki wus padha kelakon,bab-bab kang anyar bakal Sunsumurupake.Sadurunge bab-bab iku kelakon,Sunsumurupake marang sira.”
10 padha ngunjukna kekidungan anyar marang Sang Yehuwahlan ngluhurna Panjenengane saka ing poncoting bumi!Sagara cikben gumuruh dalasan isine kabeh,tuwin pulo-pulo dalasan kang ngenggoni kabeh.
11 Ara-ara samun kareben nywara serudalasan kutha-kuthane lan desa-desa kang dienggoni Kedar!Kang ngenggoni gunung parang cikben padha surak-surak,kareben padha nguwuh-nguwuh saka ing pucaking gunung-gunung!