24 Sira ora mundhutake Ingsun tebu wangi sarana dhuwit,utawa gawe tuwukingSun kalawan gajihe kurban sembelehanira.Nanging sira ngebot-eboti Ingsun kalawan dosanira,sira gawe sungkawaningSun kalawan kaluputanira.
25 Ingsun, iya Ingsun iku Panjenengane kang ngicali dosaning pambalelanira marga saka Ingsun piyambak,lan Ingsun ora ngenget-enget marang dosanira.
26 Sira ngengetana Ingsun, ayo kita padha prakaran,ajokna samubarang kabehe supaya kacihna anggonira bener!
27 Bapa leluhurira kang kawitan wus dosa,lan juru pirembagira wus mbalela marang Ingsun.
28 Dadine Ingsun kepeksa najisake para pemimpine papan pasucen,lan kepeksa ngulungake yakub supaya katumpessarta Israel supaya dicecamah.”