3 Amarga Ingsun iki Yehuwah, Allahira,Kang Mahasuci, Allahe Israel, Juru-slametira.Mesir Sunagem nebus sira,lan Etiopia sarta Syeba Sunparingake minangka gegentinira.
4 Ing sarehne sira iku aji ana ing paningalingSuntuwin mulya, sarta Ingsun asih marang sira,mulane Ingsun maringake manungsa minangka gegentinira,tuwin bangsa-bangsa minangka gegentining nyawanira.
5 Sira aja wedi, awit Ingsun nganthi marang sira,Ingsun bakal ndhatengake anak-putunira saka ing wetan,sarta Ingsun bakal nglempakake sira saka ing kulon.
6 Ingsun bakal ngandika marang lor: ‘Wenehna!’lan marang kidul: ‘Aja sira gondheli!’Para putraningSun kakung sira gawanana saka ing adoh,tuwin para putraningSun putri saka ing poncot-poncoting bumi,
7 yaiku sakehing wong kang jenenge nganggo asmaningSun,kang Suntitahake kagem kamulyaningSun,kang Sunwangun lan kang uga Sundadosake!”
8 Kareben wong ngajokake bangsa kang wuta sanadyan ana mripate,kang budheg sanadyan duwe kuping!
9 Cikben padha nglumpuk bebarengan sakehing bangsa iku,lan cikben padha nglumpuk sakehing suku bangsa iku!Panunggalane iku sapa kang bisa aweh pawarta bab-bab iki,kang bisa mratelakake marang kita bab-bab kang kelakon dhek biyen?Cikben padha nggawa seksi-seksine, supaya kacihna yen ora luput;wong kareben krungu lan banjur celathu:“Bener mangkono!”