6 Ingsun bakal ngandika marang lor: ‘Wenehna!’lan marang kidul: ‘Aja sira gondheli!’Para putraningSun kakung sira gawanana saka ing adoh,tuwin para putraningSun putri saka ing poncot-poncoting bumi,
7 yaiku sakehing wong kang jenenge nganggo asmaningSun,kang Suntitahake kagem kamulyaningSun,kang Sunwangun lan kang uga Sundadosake!”
8 Kareben wong ngajokake bangsa kang wuta sanadyan ana mripate,kang budheg sanadyan duwe kuping!
9 Cikben padha nglumpuk bebarengan sakehing bangsa iku,lan cikben padha nglumpuk sakehing suku bangsa iku!Panunggalane iku sapa kang bisa aweh pawarta bab-bab iki,kang bisa mratelakake marang kita bab-bab kang kelakon dhek biyen?Cikben padha nggawa seksi-seksine, supaya kacihna yen ora luput;wong kareben krungu lan banjur celathu:“Bener mangkono!”
10 “Sira iki padha dadi seksiningSun,”mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah,“tuwin abdiningSun kang wus Sunpilih,supaya sira padha sumurup lan kumandel marang Ingsunlan mangreti, manawa Ingsun iki tetep Panjenengane.Sadurunge Ingsun ora ana Allah kang jumeneng,sarta sawuse Ingsun bakal ora ana liyane maneh.
11 Ingsun, iya Ingsun iki Yehuwahlan ora ana Juru-slamet kejaba Ingsun.
12 Ingsun iki kang paring sumurup, kang paring karahayon lan pawarta,tuwin dudu allah ngamanca kang ana ing tengahira.Sira iku padha dadi seksiningSun,”mangkono pangandikane Sang Yehuwah,“lan Ingsun iki Allah.