3 Sabab Ingsun bakal ngesokake banyu ing tanah kang ngelak,lan udan deres ing panggonan kang garing.Ingsun bakal ngesokake RohingSun ig sirahe turunira,lan berkahingSun marang anak-putunira.
4 Iku bakal padha tuwuh kaya suket ing satengahe banyu,kaya wit gandarusa ing pinggiring kali.
5 Kang siji bakal celathu: Aku iki kagungane Sang Yehuwah,sijine bakal nyebut awake dhewe klawan jenenge Yakub,lan sijine maneh bakal nulis ing tangane: Kagungane Pangeran Yehuwah,sarta bakal nyebut awake dhewe nganggo jenenge Israel.”
6 Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah, Ratu lan Juru Panebuse Israel,Sang Yehuwah, Gustining sarwa dumadi:“Ingsun iki kang kawitan lan iya Ingsun iki kang wekasan,ora ana Allah liyane kajaba Ingsun.
7 Sapa kang kaya Ingsun? Iku kareben nguwuh-uwuh mangkono,cikben mratelakake lan ngandhakake bab iku ana ing ngarsaningSun!Sapa kang wiwit ing jaman kuna ngandhakake bab-bab kang bakal kelakon?Apa kang bakal kadadean kareben padha diwartakake marang aku kabeh!
8 Sira aja gumeter lan aja wedi,awit bab iku pancen wiwit biyen mula wus Sunwartakake lan Sunsumurupake marang sira.Sira kabeh iku kang padha dadi seksi-seksiningSun! Apa ana Allah liyane kejaba Ingsun?Ora ana Gunung Parang liyane, Ingsun ora mirsa liyane!”
9 Wong kang gawe reca iku kabeh tanpa guna, sarta barang-barang kang disenengi iku ora ana paedahe. Kang nyembah reca iku padha ora ndeleng lan ora sumurup apa-apa, mulane bakal padha kawirangan.