1 Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: “Iki pangandikaningSun marang wong kang Sunjebadi,marang Koresy kang Sunkanthi tangane tengen,Sunagen nelukake bangsa-bangsa kang ana ing ngarepelan mblejedi para raja,Sunagem ngengakake lawang-lawang ing ngarepelan supaya gapura-gapura aja terus mineb.
2 Ingsun piyambak bakal lumampah ana ing ngarepirasarta bakal ngrata gunung-gunung,bakal mbejadi lawang-lawang tembagalan bakal nugeli slarak-slarak wesi.
3 Ingsun bakal maringi sira raja-brana kang kapendhemtuwin raja-darbe kang siningidake,supaya sira sumurup, manawa Ingsun iki Yehuwah, Allahe Israel,kang nimbali sira kalawan nyebut jenengira.
4 Marga saka abdiningSun Yakublan Israel, pilihaningSun,Ingsun banjur nimbali sira kalawan nyebut jenengira,paring sesebutan marang sira, sanadyan sira ora wanuh marang Ingsun.
5 Iya Ingsun iki Yehuwah ora ana liyane;kajaba Ingsun ora ana allah maneh.Ingsun wus paring gegamaning perang marang sira,sanadyan sira ora wanuh marang Ingsun,
6 supaya wiwit ing papan pletheking srengengenganti tekan papan surupe, wong sumurup, manawa ing sajabaningSun ora ana liyane maneh.Ingsun iki Yehuwah la ora ana liyane,
7 kang ndadekake padhang lan nitahake peteng,kang damel begja lan cilaka;Ingsun Yehuwah kang nindakake iki kabeh.