20 “Sira padha nglumpuka lan padha mrenea,padha majua bebarengan,he sira kabeh kang padha oncatsaka ing antarane para bangsa!Iku padha ora duwe kawruhwong kang padha ngarak recane kayulan kang padha ndedonga marang allahkang ora bisa aweh karahayon.
21 Sira padha nerangna lan mratelakna alasanira,cikben padha rerembugan bebarengan:Sapa kang aweh pawarta bab iki wiwit jaman kuna mula,tuwin kang mratelakake wiwit biyen?Apa dudu Ingsun, Yehuwah?Ora ana liyane, ora ana allah liyane kajaba Ingsun!Allah kang adil lan kang jumeneng Juru-slamet,ora ana liyane kajaba Ingsun!
22 Padha sowana marang ing ngarsaningSun supaya sira padha kaparingan slamet,he poncot-poncoting bumi!Sabab iya Ingsun iki Allah lan ora ana liyane.
23 Demi Ingsun piyambak Ingsun wus supaos,saka ing tutukingSun wus kalair kabeneran,pangandika kang ora bakal kaceled;sarta kabeh wong bakal padha sujud jengkeng ana ing ngarsaningSun sarta padha sumpah manawa bakal setya marang Ingsun,kanthi migunakake sakehing basa,
24 kalawan celathu: Kaadilan lan kasantosaniku mung tinemu ana ing Pangeran Yehuwah.Sakehe wong kang wus nepsu marang Panjenenganebakal padha sowan ing ngarsane lan bakal nandhang wirang,
25 nanging turune Israel kabehbakal kacihna manawa bener lan bakal rumangsa begja ana ing ngarsaning Pangeran Yehuwah.”