1 Tumuruna lan lungguha ing lebu,he kenya, putri ing Babil!Lungguha ing lemah tanpa dhampar,he putri Kasdim!Amarga sira ora bakal kaaranan manehmanis lan kenes.
2 Sira njupuka watu gulingan lan nggilinga glepung,bukaken kudhungira;silakna sarungira, liganen pupunira,nyabranga ing kali!
3 Kareben wewadinira katon ngeblaklan cikben kanisthanira katon!Ingsun bakal ndhawahake piwaleslan ora bakal ngeman wong siji-sijia,
4 mangkono pangandikane Juru Panebus kita, Pangeran Yehuwah, Gustining sarwa tumitah asmane,Kang Mahasuci, Gusti Allahe Israel.