Yesaya 47:8-14 JAV

8 Mulane iki sira rungokna, he wong kang urip seneng-seneng,kang mung lelinggihan kalawan ayem,kang mosik sajroning atimu mangkene:“Ora ana liyane ing sandhingku!Aku ora bakal dadi randha,lan ora bakal cures turunku!”

9 Rong prakara iki bakal nekani sira,ing sakedhap netra, ing sajroning sadina uga.Sira bakal dadi randha lan turunirabakal sirna babar pisaniku bakal tumempuh marang sira,sanadyan ekeh sikiriratuwin mandi banget mantranira.

10 Ing maune sira rumangsa slamet ing sajroning pialanira;sira ngucap: “Ora ana kang weruh aku!”Kawicaksananira lan kawruhiraiku kang nasarake sira,satemah sira mosik ing sajroning atinira:“Kajaba aku ora ana liyane!”

11 Nanging sira bakal tinempuh ing bilai,sira ora bisa nandukake japa-mandtanira marang kadadean iku;sira bakal nandhang sangsara,sira ora bakal bisa nulak iku kalawan caos kurban;sira bakal katempuh ing karusakan kalawan dadakan,kang ora sira kira babar pisan.

12 Sira dipanggah bae kalawan ngantepi sakehing mantraniralan sikirira kang akeh iku,kang sira endelake wiwit cilikira;mbokmanawa sira saguh nekakake pambiyantu,mbokmanawa sira bisa nuwuhake pagiris.

13 Sira wus sayah marga saka kehe pituduh!Cikben padha maju lan ngluwari sirawong-wong kang padha naliti sakehing pojoke langit,kang padha niti-priksa lintang-lintangsarta kang saben tanggal enomaweh pawarta bab apa kang bakal kelakon tumrap sira!

14 Sanyata, wong-wong iku kaya damikang kaobong ing geni;padha ora bisa ngluwari nyawanesaka ign pangwasaning geni;geni iku dudu mawa geni kanggo manasake awak,dudu geni kanggo api-api!