1 Rungokna pangandika iki, he para turune Yakub,kang ngarani awakira dhewe nganggo jeneng Israellan kang padha dadi turune Yehuda,kang sumpah demi asmane Pengeran Yehuwahtuwin ngandhemi Gusti Allahe Israel-- nanging ora kalawan temenan lan tulusing ati --
2 malah kang padha nyebut awakira dhewe manut kutha sucilan sumendhe marang Gusti Allahe Israel,Pangeran Yehuwah Gustining sarwa tumitah asmane;
3 pangandikane Sang Yehuwah mangkene: “Lelakon-lelakon kang wus kapungkur wus Sunwartakake wiwit ing jaman kuna,iku wus Sunngandikakake lan wus Sunpratelakake.Sawuse mangkono iku banjur dadakan Suntindakakeuga sarta iku kabeh wus padha kelakon.
4 Awit saka iku Ingsun sumurup, manawa sira iku wangkal,wangkot lan nggugu karepira dhewe,
5 mulane Ingsun martakake bab iku wiwit ing kuna mula;sadurunge iku kelakon, wus Sunpangandikakake marang sira,supaya sira aja celathu: Brahalaku kang nindakake iku,recaku tatahan lan recaku cithakan kang ndhawuhake iku.