11 AnggoningSun bakal nindakake iku marga saka Ingsun, iya marga saka Ingsun piyambak,amarga asmaningSun kok arep kanajisake!Ingsun ora bakal maringake kamulyaningSun marang liyane!”
12 “Rungokna Ingsun, he Yakub,lan sira Israel kang Suntimbali!Ingsun iki tetep ora owah-owah, Ingsun iki kang kawitan,lan uga Ingsun kang wekasan!
13 AstaningSun kang uga nalesi bumi,tuwin astaningSun tengen kang njereng langit.Nalika Ingsun nyebut jenenge,banjur padha muncul jumedhul kabeh.
14 Sira padha nglumpuka kabeh lan ngrungokna!Sapa panunggalane kang mratelakake iki kabeh?Wong kang kinasihan dening Pangeran Yehuwahbakal nindakake karsaning Yehuwah tumrap Babillan ngatonake kakiyataning astane Sang Yehuwah marang wong Kasdim.
15 Ingsun, iya Ingsun kang ngandika mangkono tuwin kang nimbali uga,Ingsun kang nekakake wong iku lan sakehing tumindake bakal kasembadan.
16 Padha nyedhaka ing ngarsaningSun, iki rungokna:Wiwit biyen Ingsun ora tau ngandika kalawan sidhemanlan sajrone bab iku kelakon, Ingsun ana ing kono.”Tuwin saiki Gusti Allahngutus aku kalawan Rohe.
17 Mangkene pangandikane Sang Yehuwah, Juru Panebusmu,Kang Mahasuci, Gusti Allahe Israel:“Iya Ingsun iki Yehuwah, Allahira,kang mulang marang sira bab apa kang maedahi,kang nuntun sira ana ing dalan kang kudu sira liwati.