5 mulane Ingsun martakake bab iku wiwit ing kuna mula;sadurunge iku kelakon, wus Sunpangandikakake marang sira,supaya sira aja celathu: Brahalaku kang nindakake iku,recaku tatahan lan recaku cithakan kang ndhawuhake iku.
6 Sira wus krungu bab iku kabeh lan saiki sira ndelenga;apa sira ora padha gelem ngakoni dhewe?Ingsun paring pawarta bab prakara-prakara kang anyar wiwit saiki,tuwin bab-bab kang sumimpen kang durung sira sumurupi.
7 Lagi saiki bab-bab iku anggone kaanakake ora dhek biyen;sadurunge sira ora krungu bab iku,iku supaya sira aja celathu: Aku pancen wus sumurup kok!
8 Sira ora krungu utawa sumurup,uga kupingira ora kawengakake wiwit biyen mula;nanging Ingsun wus nguningani, manawa sira tumindak kiyanat kang nistha banget,lan wong ngarani sira: wong kang mbalela wiwit ana ing sajrone guwa-garba.
9 Marga saka asmaningSun Ingsun ngampet dukaningSunlan marga saka misuwuringSun,Ingsun paring palimirma marang sira, satemah sira ora Sunsirnakake.
10 Lah sira wus Sundadekake murni, nanging ora kaya salaka,nanging sira wus Sunuji ana ing pawoning kasangsaran.
11 AnggoningSun bakal nindakake iku marga saka Ingsun, iya marga saka Ingsun piyambak,amarga asmaningSun kok arep kanajisake!Ingsun ora bakal maringake kamulyaningSun marang liyane!”